cerita rakyat

Kamis, 12 Desember 2013



ASAL USUL KADILANGU
Ing zaman kerajaan Majapahit ingkang diwengku dening Prabu Brawijaya gangsal, wonten salah sawijining priya ingkang anduweni keturunan bangsawan inggih menika Raden Said utawi Sunan Kalijaga. Raden Said lahir ing tuban tahun 1455. Raden Said anduweni guru inggih menika Makdum Ibrahim utawi Sunan Bonang, Raden Said salah sawijing murid Sunan Bonang ingkang anduweni kepinteran ing bab islam dibandingake liyane. Ing tahun 1472 Raden Said mara ing sakitar Demak. Punapa Raden Said saget wonten ing sakitaran Demak amargi deweke lunga saka pomahane amargi boten setuju kaliyan pamikirane ramane.
Wonten ing Demak Raden Said anduweni niat kepingin nyebaraken ajaran islam. Ing waktu menika Raden Fatah ingkang mengku daerah Demak ingkang diangkat dening Prabu Brawijaya. Raden Fatah mireng bilih Raden Said anduweni niat kapingin nyebaraken ajaran islam langsung ngutus pengawal kerajaan kangge ndawuhi Raden Said dateng ing kerajaan. Lajeng Raden Fatah ngumpulaken sedaya para wali lan ngutus Raden Said kangge mimpin para wali saking tugas ingkang diwenehake gurunipun Raden Fatah inggih menika tugas bangun masjid. Sawise tugas dilakoni lan akhire Raden Said saged nyelesaiaken tugasipun  masjid sampun dibangun lan ing waktu sakniki masjid punika dikenal masjid agung Demak. Saking kekhasilanne nyelesaiaken tugasipun, Raden Fatah wenehi hadiah marang Raden Said ingkang awujud lemah ingkang saged dipilih dening Raden Said.
Raden Said akhire milih lemah utawi panggenan  ingkang taksih awujud alas ing sakitar Demak. Lemah punika anduweni ambu langu ingkang anduweni teges lemah ingkang ambune boten kepenak. Amargi lemah punika anduweni ambu langu utawi boten kapenak, panggenan punika lajeng kapiring nama KADILANGU. Lajeng Raden Said babat alas lan andadekake panggenan punika panggenan kangge nyebaraken ajaran islam. Tahun 1532 Raden Said netep ing Kadilangu kangge nyebaraken ajaran islam ing mriku, amargi Raden Fatah boten sanggup nyebaraken ajaran islam piyambak lajeng ngutus Raden Said kangge nyebaraken ajaran islam wonten ing Demak.
Ing waktu Raden Said netep ing Kadilangu Raden Said boten ginakaken nama asline malah ginakaken nama Kali Jaga amargi sakderenge Raden Said ing Demak Raden Said tapa ing cirebon sampe 3tahun. Raden Said tapa ing pinggir kali kaya wong lagi nunggoni kali tapane niku diutus dening gurunipun, saking mriku Raden Said anduweni jejuluk Sunan Kalijaga. Waktu nyebaraken ajaran islam ing Kadilangu Raden Said boten ginakaken kekerasan, pembrontakan utawi pembodohan, nanging wonten pernyataan sanes bilih wektu Raden Said nyebaraken ajaran islam wonten ingkang boten seneng lan berontak kaliyan Raden Said. Raden Said angsal perlawanan saking tiang ingkang boten seneng kaliyan Raden Said. Tiang menika kepingin ngalangi Raden Said nyebaraken islam inggih menika ginakake cara ngapusi utawi manut kaliyan sedaya ajarane Raden Said nanging asline kapingin ngalangi niate Raden Said.
Raden Said tetep boten nyerah lan malah ginakaken sarana ingkang alus lan saget diterima kaliyan sedaya tiang inggih menika sarana wayang, tembang lan sanesipun ingkang diseseli kaliyan ajaran-ajaran islam. Raden Said sanget dimulyakan dening para wali amargi salah sawijining sunan ingkang ginakaken sarana budaya jawa kangge nyebaraken ajaran islam. Salah sawijining karyanipun Raden Said waktu nyebaraken ajaran islam inggih menika tembang lir-ilir, gending jawa lan sanesipun.
Wektu nyebaraken ajaran islam ing Kadilangu dereng wonten panggenan damel ibadah utawi sholat. Lajeng ing tahun 1543 Raden Said bangun masjid langgar ing sakitar panggenanipun nyebaraken ajaran islam. Sakderenge Raden Said sampun nyelesaikaken tugas bangun masjid agung demak lan sak niki nyelesaikaken masjid langgar wonten ing kadilangu.
Raden Said sampun nyelesaikaken tugas ingkang diutus kaliyan Raden Fatah inggih menika nyebaraken agama islam ing daerah Demak khususipun ing panggenan ingkang sampun diparingi dening Raden Fatah inggih menika ing Derah Kadilangu. Raden Said sampun sepuh sampun ngentosi kapundut dening gusti Allah. Ing tahun 1586 Raden Said kapundut dening Gusti Allah. Kathah sanget paninggalane Raden Said ing waktu taksih sugeng lan ing waktu merjuangake agama utawi ing waktu merjuangake agama islam salah sawijinng paninggalan Raden Said inggih menika masjid langgar ingkang dibangun waktu Raden Said netep ing Kadilangu, tembang lir-ilir, lan sanesipun.
Raden Said dimakamaken ing Kadilangu ing sak niki dikenal makam Sunan Kalijaga. Makame punika ing zaman rumiyin niku omahe Raden Said. Raden Said termasuk salah sawijining wali sanga ingkang sanget terkenal lan sanget dimulyakaken.
                                                                                                          
Narasumber
Bapak.R Prayetna PK
Sundusin

0 komentar:

Posting Komentar