Lelakone
Si lan Man
Esuk
umun-umun, dhek wingi Kemis Wage kepungkur, Man nuntun pite Pak Carik menyang
pekarangane Si. Klambine sing dienggo sing apik dhewe. Clana famatek wis mbulak, nanging ya mung kuwi sing
apik duweke Man. Nganggo sepatu. Satleraman Man ketara beda karo adat saben
dinane.
“Wah,
kok bregas kowe, Man!”
Man
mringis dielem kancane ngono kuwi. Atine rada gela weruh kancane leyeh-leyeh
kaya adate ing kursi males emper omahe. Klambine jaket kandel, clana soklat wis
kawuk. Huh, ora ana warase mbungkus awake! Mangsa ketiga ngerak ngene kjakete
tetep kandel mbungkus awake! Man ngarep-arep Si mapagake tekane lanthi cakrak.
Sanajan raine tetep pucet, nanging katon gemregah, semangat. Ora leyeh-leyeh
ngono.
“Priye,
Si? Sida ora?”
“Sida.
Ning sik ta, isih esuk, dak unjal ambegan sing landhung. Sida numpak pit iki
engko?”
“La
iki, pite wis daksilihke. Duweke Pak Carik. Adate ya dakenggo, yen aku diutus
lunga-lunga. Awakmu rasane priye? Kira-kira kuwat ora?”
“Ora
papa. Kuwat, kuwat kok!”
Sanajan
Si anggone mangsuli ngono katon njiyat, nanging Man rumangsa marem. Si
ndhelikake larane, nangung Man mung nyawang apa kang katon wae. Si sakjane
lara, utawa aras-arasen. Nanging kadhung janji, arep nurtui kesenengan lelungan
karo Man. Dadi ya dikatonke yen waras. Aja nganti wurung lunga. Man api-api ora
ngerti wae. Sing diugemi apa sing disanggupake Si. Man api-api ora ngerti wae.
Man pancen kadereg bisa enggal klakon anggone
ngajak lelungan Si menyang kutha, ben ndang rampung niyate kajate, ndang
semeleh pikirane.
Si
njenggelek saka anggone leyeh-leyeh. Ngadeg, terus mlaku klemer-klemer melbu
omah. “Apa sing perlu digawa?” pitakone Si karo nglirik Man. Ora noleh. Kaya
wong tengen wae. Swarane lirih.
“Sing
digawa? Alah wong mung nglencer menyang Sragen wae sing perlu digawa apa?
Mongsok koper? Dhuwit wae sing akeh,” ujare Man semu nguyoni.
Ti,
bojone Si, melu nemoni dhayihe. Mung sinambi nginguk wae. “Kok esuk, Kang? Arep
nyang edni, ta, Leh?”
“Rak
oleh ta, Si dakjak nglencer menyang Sragen?”
“Ya
kana, yen wonge gelem.”
“Awake
mang bengi rak gak panas?”
“Kaya
ora. Mung turune rada kesoren, klisikan wae, ora bisa angler.”
Ya
mikirke anggonku arep lelungan karo Man iki. Aku budhla, ya, Ti.” Si nyaut
gunem karo banjur metu.
“Nyang
Sragen kuwi? Ya kaya ngono wae?” panambuhe Ti.
Si
maspadakake awake, ndeleng kahanane. Clana kawuk wis ganti sing apik. Liyane
pancet. Rumangsane yaw is cukup apik. Kok dicacat sing wadon? “La apa maneh?
Arep sarapan ya ora ana sing disarap.”
“Karepku
ki jakete ora ganti sing abang?”
“Lunga
awan-awan kok klambine abang. Emoh! Abah jare nggawa bilahi.”
“Ora
sarapan ora papa. Mengko neng dalan rak ana wong dodol gethuk,” sumelane man
karo mlangkring ing sadhel pite.
“Aku
budhal ya, Ti! Dongakna sla…!”
“Kathik
kaya wong arep pisahan suwe wae, donga-dinonga! Mung nyang Sragen kono wae
thik!” Ti maoni.
“Menyang
Sragen engke, yen ora slamet, rak ya pisah salawase,” panyigege Si mantepake
karepe pamit marang sing wadon. “Karo dene lagi sepisan iki lo aku lunga adoh!
Adoh tenan.”
“Iya,
iya, Kang! Dak dongakne slamet.”
Pit
wiwit dipancal dening Man. Si nggonceng buri mekekeh. “Aku mung weruh gegrmu
thok!”
“Aja
maju-maju. Ben isa nglirik dalan.”
Pit
kleser-kleser mlaku. Man noleh marang sing ditinggal. Ti katon adreg anggone
nyawang sing lanang lunga metu saka pekarangane omahe. Pandeng wadon kang kebak
rasa tersna lan ngeman. Man mesem. Kok kaya-kaya Si eman diculake! Wong wadon
kang setiya, ora tega nguculake sing lanang lunga.
“Bali-bali,
mengko sore! Aja kuwatir!” pambengoke Man marang wong wadon meteng enom kuwi
mau. Janji.
“Apa
ta?”
“Bojomu
olehe nyawang kedhep tesmak!”
Pit
liwat dalan gronjalan metu saka kampunge. Dalan isish sepi, sananjan serngenge wis trontong-trontong ngunggahi galengan
sawah. Wong ing desa kono racake tangine kalah dhisik karo muncule srengenge.
Desa pinggir alas jati, sawahe kekurangan banyu ing wayah jetiga mengkono.
Nanging yen rendheng saben taun diendhangi bludagan banyu Begawan Solo. Mula
nggarap sawah ya tansah ngati-ati banget. Setaun mung sepisan, kuwi wae kudu
ing wayah gadhu sing udane arang. Kanthi pandongan aja nganti udane ceblok
terus-terusan kang marahi Begawan Solo bena banyune mbludag ngelebi sawah.
“Saya
ngidul lemahe saya apik. Delengen parine ijo royo-royo!” Man crita marang Si.
Satemene luwih tumuju marang awake dhewe. Dudu Si wae sing ora tau metu saka
desane, dalah Man uga arang banget weruh sawah dhaerah kidulan kono.
Man
lan Si bocah klairan Bulakreja kono. Man saiki uripe buruh tani lan gelem dadi
kongkonan apa wae dening wong kampunge. Sing kerep dhewe dadi kongkonane
carike. Kena diarani Man buruh bau marang carike, sanajan ora ana perjanjian
kang gumathok.
Lakune
saiki ngambah bulak, kiwa tengen sawah. Ora kepethukan wong liya. Pit sing
ditumpaki wong loro kuwi katon ngijeni. Ora ana wit pangayoman marakake sorot
serngenge esuk rinasa sumelet. Pancen wiwit mmetu saka desane mau parane tansah
ngadohi alas jati, ngliwati lemah sing wis dicithak dadi sawah ngenthak-enthak.
Meh ora ana wit gedhe sing ditandur ing kono.
“Panase
kok ngudubilahi, ya! Gpbyos aku!” panggresahe sing dibonceng.
Man
nratap atine. “Kowe lara?”
Si
ora mangsuli. Mung ambegan landhung. Bathuke disendhekake ing gegere Man. Lali
karo pakone Man supaya mundur. “mung weruh gegermu ya wis ora papa! Aku isih
kuwat. Mung ambune kringetmu, ora betah aku!” wasana metu omonge.
Bathuk
kang tumempel ing gegere Man rinasa anget. Uga mengkis-mengkise ambgane
kanacane rinasa nyetrum gegere, oyak-oyakan karo ambegane Man dhewe. Ambegane
Man ancene menggos-menggos, wong dheweke sing nggenjot. Pit desa, elek rupane,
abot encot-encotane. Bareng mengkis-mengkise ambgane Si, kena apa? Si lara.
“Kowe
aja kumat dhisik, Si. Kae dhelengen barongane desa Jethis wis plengah-plengeh
methuki awake dhewe. Bubar Jethis, ngliwati pasare, kene bisa leren ing kono sarapan
gethuk. Yen durung kawanan ana kok wong dodol gethuk.
“O,
Allah awak-awak! Urip sepisan kok kaya mengkene!” Si nyelathu awake dhewe.
Olehe kebangeten. Ora tau waras-wiris.
“Aja
lara! Aja lara! Mujia ngono, lo, Si. Yen wis ngliwati Jethis dalane rada rame.
Wis diaspal, kene mengko ora mung barengan utawa papagan karo wong liwat.
Grobag lan truk kadhang-kadhang ya akeh kok sing ngluyur mrana. Mengko tamatana
yen kowe weruh truk. Laune banter, Si!” Dislimur! Sengaja Man crita dawa,
perlun lelungan iki ben ora rinasa kasepen. Ben anggreng. Lan Si lali karo
ringkihe awake.
Sidane
Jethis klebon kanthi ora kurang sawiji apa. Ambegan pancen ngangsur, kringet
gumrobyos. Nanging atine Man lega. Jethis sing ditrajang dalane adhum, marga
kebak barongan prng ori.
“Apa
kowe perlu leren, Si? Ambeganmu kok ngungkuli menggos-menggosku!”
“Sakaremu.
Terus ya ora papa, kok. Yan gene iki kahanan awakku saben dinane. Lerena, apa
lungguhana ing ngomah, napasku ya seseg ngene iki.”
Sakjane
Man ora perlu gumun. Dheweke wis ngreti karo lelaeane mitrane kuwi. Ambegan
seseg, guwaya pucet! Wis watara limang taun iki Si lara-laranen kaya ngono. Man
ora perlu gumun. Mung, sing dibingungke, saiki iki Si lagek sajrone lelungan
karo dheweke. Ambegan seseg kaya ngono mensthi wae gawe binggunge Man.
“Warasa,
ta, Si! Warasa! Sedina iki wae warasa! Cik bene utangku sah. Kowe bisa weruh
epur neng Sragen mengko. Jaremu kowe kepingin weruh Kutha Sragen. Mengko yen
dina iki kowe waras, klakon weruh Kutha Sragen lan weruh sepur, muga-muga
bakale salawase laramu ilang! Kuwat-kuwatna yaa, Si! Kuwatna awakmu nganti
tekan Kutha Sragen!” omonge Man nrecel.
“La
iki aku ya dakkuwat-kuwatake!” Muni ngono nanging suwarane lirih, alon lan
lemes. Tanpa kekuwatan.
“Ora
susah mandheg, ya?”
0 komentar:
Posting Komentar