Tugas Mid Semester
Sastra Lisan
Cerita Rakyat Ki Ageng Selo dan Pepalinya
Dari Kabupaten Grobogan

Oleh
Lusiana 2611412001
Puspitaningrum RR 2611412006
Fatikhatul Muniroh 2611412015
Endang Suryani 2611412016
Sarah Khisniyah 2611412019
Intan Puji R 2611412021
Fakultas Bahasa dan Seni
Universitas Negeri Semarang
2013
PRAKATA
Puji
syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung ingkang sampun
paring sedaya Rahmat lan Hidayat ugi kegancaran saengga kita saged andamel lan
ngrampungaken Tugas Sastra Lisan menika kanthi irah-irahan “Cerita Ki Ageng Sela dan Pepalinya dari 5
Kecamatan di Kabupaten Grobogan”.
Tugas
menika dipun damel saking data ingkang dipun angsalaken kanthi metode wawancara
warga saking 5 Kecamatan, Kabupaten Grobogan ingkang anggadhahi ancas
mangertosi cerita takyat lan pepali saking Ki Ageng Sela wonten ing 5 Kecamatan
menika. Kita mangertos menawi Tugas menika taksih kathah kekiranganipun. Kagem
sedaya ingkang biyantu andamel Tugas menika kita ngaturaken agunging panuwun
Penyusun,
Cerita
Rakyat Ki Ageng Selo dari Kec. Tegowanu, Kec. Gubug, Kec. Tanggungharjo, Kec.
Kedungjati dan Kec. Karangrayung
Silsilahipun Ki
Ageng Sela, saking Ki Ageng Tarub ingkang kagungan putri naminipun Dewi
Nawangsih. Dewi Nawangsih menika ibunipun Nawang Wulan. Dewi Nawang Wulan
kagungan putra naminipun Ki Getas Pendhawa. Ki Getas Pendhawa kagungan putra
pitu, salah satunggiling putranipun inggih menika Ki Ageng Selo.
Kacariyosaken
wonten priyantun ingkang anama Ki Bagus Songgom. Panjenengane putra saking raja
kerajaan Tuban, ing satunggaling dinten kerajaan Tuban nemahi kahanan susah,
boten dangu kerajaan Tuban gugur/ rubuh amarga peperangan ageng kang ndamel
raja kerajaan Tuban seda. Raja kerajaan Tuban menika ramanipun Ki Bagus
Songgom. Ki Bagus Songgom ingkang slamet pindah wonten ing dusun Sela
Kecamatan Tawangharjo Kabupaten
Purwodadi. Panjenenganipun kepanggih kaliyan Sunan Kaijaga ing Demak lajeng Ki
Ageng Selo dados muridipun Sunan Kalijaga.
Wonten ing dusunipun Ki Ageng Selo
kawentar anggadhahi karemenan anandur taneman, panjenengane dados petani. Ing
satunggaling caryios wonten priyantun ingkang anama Ki Ageng Selo. Panjenengane
putra saking raja kerajaan Tuban. Ing satunggaling dinten kerajaan Tuban nemahi
kahanan kang susah, boten dangu kerajaan Tuban gugur/rubuh nalika wonten
peperangan ageng lan ramanipun Ki Ageng Selo seda saknalika. Ki dinten Ki Ageng
Selo di dhawuhi dening Sunan Kalijaga tapa wonten ing pucuking gunung Watu
Pawon kang manggen ing Kec. Brati. Ki Ageng Selapikantuk pusaka kang arupi
keprigelan nyepeng bledhek.
Sawijining dinten Ki Ageng Selo
taksih anglampahi karemenanipun anandur taneman wonten ing sabin, wayah
sakmenika mendung lajeng wonten bledhek nyamber-nyamber, Ki Ageng Selo boten
pati nggagas nanging gledhek sansaya ageng, lajeng Ki Ageng Selo duka lan
gledhek menika dicekel dipuntaleni ngagem taneman gandrik lejeng dipun bekta
wangsul dipun deken wonten latar wingking dalemipun Ki Ageng Selo.
Cariyosipun gledhek menika wonten
pacanganipun, gledhek setunggal sampun dipun cekel dening Ki Ageng Selo lan
pacanganipun duka (dendam) kaliyan Ki Ageng Selo lan putra wayahipun. Lajeng
wonten papali menawi wayah surup boten angsal saba wonten ing sabin lan menawi
wonten mireng gledhek nyebut Lahaulawalaquwwataillabillah ping 3.
Tiyang tangga-tangganpun Ki Bagus
Songgom ngertos menawi panjenengane saged nyekel gledhek lajeng warga dusun
Selo maringi jejuluk dhateg Ki Bagus Songgom kanthi jejuluk Ki Ageng Selo, Ki
Ageng Selo ugi dados patuladhan wonten ing desa Selo kanthi sifate kang remen
peperangan, yaiku peperangan nglawan tiyang-tiyang ingkang sami serakah.
Ing sawijining dinten Ki Ageng Sela
nampi dhayoh ing daleme, dhayoh menika kancanipun Ki Ageng Selo. Nalika taksih
nampi dhayoh, sampun dados padatan garwanipun masak kagem dhayoh menika.
Nanging nalika dhayoh di pun tawani dhahar, dhayohipun menika boten purun
amargi sampun dhahar wonten ing warung ing dalan nalika badhe dhateng dalemipun
Ki Ageng Selo. Ki Ageng Selo manahipun raos duka amargi dhayoh ingkang
kancanipun menika boten purun dhahar kamangka sampun dipun masakaken lajeng wonten
pepali menawi ing dusun Selo menika boten angsal sadean sekul.
Sunan Kalijaga
gurunipun Ki Ageng Selo mangertosi keprigelannipun Ki Ageng Selo saged nyekel
gledhek, Sunan Kalijaga dereng percados lan ndhawuhi Ki Ageng Selo bekta
bledhek menika wonten ing kerajaan Demak. Ki Ageng Selo nglampahi dhawuhipun
Sunan Kalijaga lan sowan wonten ing Kerajaan Demak. Sakwise dugi wonten ing
kerajaan Demak kepanggih kaliyan Sunan Kalijaga dhawuhi Ki Ageng Sela nggambar
gledheg menika wonten ing lawang kerajaan Demak kanthi gambar naga. Nalika Ki
Ageng Sela taksih nglukis wonten mbah-mbah putri ingkang diduga pacanganipun
gledhek ingkang taksih dipun lukis, lajeng mbah-mbah menika wau nyiram gambar
gledhek menika ngagem toya lan sakmenika nalikane gambar gledhek dipun siram
kepireng suantenipun gledhek ageng.
Gledhek ingkang dipun gambar arupi naga ical badanne kantun ndase lan mbah –
mbah ingkang nyiram ugi ical saknalika.
Pepali
Ki Ageng Selo
Aja
Celimut
Tegese
aja dadi wong sing seneng nyolong. Njupuk sing dudu duwene dhewe bisa marai
kuwalat ana ing urip. Bisa uga marakake lara atine wong liya.
Aja
mburu aleman
Tegese
aja dadi wong sing manja utawa apa-apa aleman, ora gelem tumandhang dewe.
Bisane mung gawe repot wong liya.
Aja
ladak, wong ladak pan gelis mati
Tegese
dadi wong kudu tansah sabar ngadhepi urip, ora pareng ladhak marang wong liya.
Wong sing ladhak temu matine cepet.
Aja aja demen umuk
Tegese aja dadi wong sing seneng ngomong, seneng umuk.
Wong sing seneng ngomong biasane seneng rasan-rasan wong liya. Kuwi ora ana
manfaate, bisane ngomongne cacate wong liya mung nambahi dusa lan nambahi
mungsuh sing bisa nyengsarakake anggone urip bebrayan,
Aja
mburu aleman
Tegese
aja dadi wong sing manja utawa apa-apa aleman, ora gelem tumandhang dewe.
Bisane mung gawe repot wong liya.
Aja ladak
Tegese dadi wong aja gampang nyeneni, gampang nesu marang wong
liya. Urip kanthi sabar lan tawakal marakake uripe dadi tentrem lan ayem.
Aja manah angiwa
Tegese aja gampang anduweni pikiran kang ala. Pikiran ala kanggo
awake dhewe apa maneh pikiran ala karo wong liya. Dadi menungsa kudu tansah
anduweni pikiran kang becik, pikiran kang becik marakake tumindak, kahanan kang
becik uga. Pasrahne sekabehane maring Gusti ingkang damel urip.
Aja agawe angkuh
Tegese dadi wong aja kemaki, sombong pamer karo sing diduweni.
Kabeh diduweni wong kuwi peparingane Gusti, dadi ora ana gunane yen
dipamer-pamerake wong liya, malah bisa nyelakani awake dhewe kanggo urip
bebrayanan
Aja ladak lan jail
Tegese dadi wong aja gampang nyeneni, gampang nesu marang wong
liya. Urip kanthi sabar lan tawakal marakake uripe dadi tentrem lan ayem. Aja
uga jail utawa nyrimpeti gawe repot wong liya. Aja gawe lara atine wong, kuwi
tumindak ala.
Aja ati serakah
Tegese dadi wong aja rakus anduweni ati serakah. Kabeh-kabeh digawe
awake dhewe ora gelem andum karo wong liyane,kuwi prakara elek sing ora perlu
dilakoni. Wong urip bebrayanan kudu tansah mikirake kancane uga.
Aja nandur waluh
(ora ana latar belakange)
Aja saba sawah ing wayah surup
Amarga
pacangane gledhek duka (dendam) marang Ki Ageng Sela lan anak putune bakal di
samber yen gledhek upama saba wayah surup. lan menawi wonten mireng gledhek
nyebut Lahaulawalaquwwataillabillah ping 3. Pernah kedadean wong ing kana
ngeyel saba sawah ing wayah suru banjur disamber gledheg lan mati.
Aja
nglungguhi utawa ngumbahi ana ing andhuwure watu (kanggo prawan)
(ora
ana latar belakange)
Aja sira watak sugih wani
Tegese aja kewanen. Karo wong tuwa aja kewanen kudune
tansah ngajeni apa sing dadi utusanne wong tuwa.
Aja sira watak ngajak tukar
Tegese aja seneng gawe geger, gawe ribut padha-padha
kanca anggone urip bebrayanan. Urip sesandhingan kudune tansah rukun supaya
uripe bisa adhem ayem. Urip gegeran ora ana gunane ora ana faedahe.
Aja ngendelake ilmune
Tegese aja sombong utawa wani pamer karo ilmu sing
diduweni. Kabeh ilmu meski ana ilmu sing luwih dhuwur. Dadi ilmu sing diduweni
meski ana sak dhuwure. Dadi aja sombong karo ilmu sing diduweni
Aja aja demen umuk
Tegese aja dadi wong sing seneng ngomong, seneng umuk.
Wong sing seneng ngomong biasane seneng rasan-rasan wong liya. Kuwi ora ana
manfaate, bisane ngomongne cacate wong liya mung nambahi dusa lan nambahi
mungsuh sing bisa nyengsarakake anggone urip bebrayan.
Aja
sira demen nyumpahi
Tegese
aja gampang ngomong sumpah marang wong liya, nyumpahi wong liya. Kuwi ngono ora
apik, bisa marakake kuwalate awake dewe
Ajaran Ki Ageng Selo
Tembang
Macapat Dhandhanggula
Kawruhana pambengkasing kardi
Pakuning rat lelananging jagad
Pambengkasing jagad kabeh
Amung budi rahayu
Setya tuhu marang Hyang Widhi
Warastra pira-pira
Kang hanggung ginunggung
Kasor dening tyas raharja
Harjaning rat punika pakuning bumi
Kabeh kapiyarsakna
Pakuning rat lelananging jagad
Pambengkasing jagad kabeh
Amung budi rahayu
Setya tuhu marang Hyang Widhi
Warastra pira-pira
Kang hanggung ginunggung
Kasor dening tyas raharja
Harjaning rat punika pakuning bumi
Kabeh kapiyarsakna
Poma poma anak putu mami
Awja sira ngegungake akal
Wong akal ilang baguse
Dipun idhep wong bagus
Bagus iku dudu mas picis
Lawan dudu sandhangan
Dudu rupa iku
Bagus iku nyatanira
Yen dinulu asih semune prakati
Patrap solah prasaja
Awja sira ngegungake akal
Wong akal ilang baguse
Dipun idhep wong bagus
Bagus iku dudu mas picis
Lawan dudu sandhangan
Dudu rupa iku
Bagus iku nyatanira
Yen dinulu asih semune prakati
Patrap solah prasaja
Ajaran Ki Ageng Selo
Niruho wong mulyo, Habib lan Ulomo
Niyat hormat golek tsawab ujar
berkah kang minulyo
Ojo sampe modo, ora keno nyelo
Luweh becik derek tindak lampah
pinuji minulyo
Tembung alus ati-ati, lungguhe ojo sembrono
Sopo nandur bagus, bakal panen ugo
Seneng ayem bahagia, anak putu sak
kluwargo
Lamun dadi panggede, printah anak
buahe
Ojo nganti keras kaku, sak senenge
karepe dewe
Dadiyo siro pelindung, printah
kelawan kiro-kiro
Iling lan waspodo,
Dawuh kang utomo
Senengno jiwamu lan atimu,
Ojo salah tompo
Pitutur kang luhur,
Printahe agomo
Ojo simpang siur, tindak ngawur
Ndadekno sengsoro
Dadiyo wong agung kang minulyo,
Tumindak sempurno
Nindaki kewajiban, kanti dasar iman
Akhlaq bagus tumus, sabar alus noto
ati mapan
Ta’at lan ngabekti, perintahe gusti
Nindakno ngibadah, nentepi printah
Amal kang pinuji
Nyadong ridlo rahmat lan sayafa’at
Saking kanjeng Nabi
Kecamatan Tegowanu
Narasumber :
Nama : Sucipto
Alamat : Tegowanu
Umur : 47 Tahun
Pekerjaan : PNS
No.
Hp
§ Cariyos
Ki Ageng Selo
Sawijining dinten Ki Bagus Songgom taksih anglampahi
karemenanipun anandur taneman wonten ing sabin, wayah sakmenika mendung lajeng
wonten bledhek nyamber-nyamber, Ki Bagus Songgom boten pati nggagas nanging
gledhek sansaya ageng, lajeng Ki Ageng Sela duka lan gledhek menika dicekel
dipuntaleni ngagem taneman gandrik lejeng dipun bekta wangsul dipun deken
wonten latar wingking dalemipun Ki Ageng Selo.
Tiyang tangga-tangganpun Ki Bagus Songgom ngertos
menawi panjenengane saged nyekel gledhek lajeng warga dusun Selo maringi
jejuluk dhateng Ki Bagus Songgom kanthi jejuluk Ki Ageng Sela, Ki Ageng Sela
ugi dados patuladhan wonten ing desa Selo kanthi sifate kang remen peperangan,
yaiku peperangan nglawan tiyang-tiyang ingkang sami serakah.
Sunan Kalijaga gurunipun Ki Ageng Selo mangertosi
keprigelannipun Ki Ageng Selo saged nyekel gledhek, Sunan Kalijaga dereng
percados lan ndhawuhi Ki Ageng Selo bekta bledhek menika wonten ing kerajaan
Demak. Ki Ageng Selo nglampahi dhawuhipun Sunan Kalijaga lan sowan wonten ing
Kerajaan Demak. Saksampunipun dugi wonten ing kerajaan Demak kepanggih kaliyan
Sunan Kalijaga dhawuhi Ki Ageng Sela nggambar gledheg menika wonten ing lawang
kerajaan Demak kanthi gambar naga. Nalika Ki Ageng Selo taksih nglukis wonten
mbah-mbah ingkang diduga pacanganipun gledhek ingkang taksih dipun lukis,
lajeng mbah-mbah menika wau nyiram gambar gledhek menika ngagem toya lan
sakmenika nalikane gambar gledhek dipun siram kepireng suantenipun gledhek ageng. Gledhek ingkang dipun gambar
arupi naga ical badanne kantun ndase lan mbah – mbah ingkang nyiram ugi ical
saknalika.
§ Pepali
Ki Ageng Sela
Aja
Celimut
Tegese
aja dadi wong sing seneng nyolong. Njupuk sing dudu duwene dhewe bisa marai
kuwalat ana ing urip. Bisa uga marakake lara atine wong liya.
Aja
mburu aleman
Tegese
aja dadi wong sing manja utawa apa-apa aleman, ora gelem tumandhang dewe.
Bisane mung gawe repot wong liya.
Aja ladak, wong ladak pan gelis mati
Tegese
dadi wong kudu tansah sabar ngadhepi urip, ora pareng ladhak marang wong liya.
Wong sing ladhak temu matine cepeti
Kecamatan
Gubug
Narasumber
:
Nama : Syofiq
Alamat : Gubug, Rt 02/Rw 01
Umur : 53 Tahun
Pekerjaan : PNS
No.
Hp : 081390080220
§ Cariyos Ki Ageng Selo
Kacariyosaken Ki Ageng Selo taksih anglampahi
karemenanipun anandur taneman wonten ing sabin, wayah sakmenika mendung lajeng
wonten bledhek nyamber-nyamber, Ki Ageng Selo boten pati nggagas nanging
gledhek sansaya ageng, lajeng Ki Ageng Selo duka lan gledhek menika dicekel
dipuntaleni ngagem taneman gandrik lejeng dipun bekta wangsul dipun deken
wonten latar wingking dalemipun Ki Ageng Selo.
Ing sawijining dinten Ki Ageng Selo nampi dhayoh ing
daleme, dhayoh menika kancanipun Ki Ageng Selo. Nalika taksih nampi dhayoh,
sampun dados padatan garwanipun masak kagem dhayoh menika. Nanging nalika
dhayoh di pun tawani dhahar, dhayohipun menika boten purun amargi sampun dhahar
wonten ing warung ing dalan nalika badhe teng dalemipun Ki Ageng Selo. Ki Ageng
Selo manahipun kraos duka amargi dhayong ingkang kancanipun menika boten purun
dhahar kamangka sampun dipun masakaken lajeng wonten pepali menawi ing dusun
Selo menika boten angsal sadean sekul.
Sunan Kalijaga gurunipun Ki Ageng Selo mangertosi
keprigelannipun Ki Ageng Selo saged nyekel gledhek, Sunan Kalijaga dereng
percados lan ndhawuhi Ki Ageng Selo bekta bledhek menika wonten ing kerajaan
Demak. Ki Ageng Selo nglampahi dhawuhipun Sunan Kalijaga lan sowan wonten ing
Kerajaan Demak. Sakwise dugi wonten ing kerajaan Demak kepanggih kaliyan Sunan
Kalijaga dhawuhi Ki Ageng Sela nggambar gledhek menika wonten ing lawang
kerajaan Demak kanthi gambar naga. Nalika Ki Ageng Selo taksih nglukis wonten
mbah-mbah putri ingkang diduga pacanganipun gledhek ingkang taksih dipun lukis,
lajeng mbah-mbah menika wau nyiram gambar gledhek menika ngagem toya lan
sakmenika nalikane gambar gledhek dipun siram kepireng suantenipun gledhek ageng. Gledhek ingkang dipun gambar
arupi naga ical badanne kantun ndase lan mbah – mbah ingkang nyiram ugi ical
saknalika.
§ Pepali
Ki Ageng Selo :
Aja aja demen umuk
Tegese aja dadi wong sing seneng ngomong, seneng umuk.
Wong sing seneng ngomong biasane seneng rasan-rasan wong liya. Kuwi ora ana
manfaate, bisane ngomongne cacate wong liya mung nambahi dusa lan nambahi
mungsuh sing bisa nyengsarakake anggone urip bebrayan,
Aja
mburu aleman
Tegese
aja dadi wong sing manja utawa apa-apa aleman, ora gelem tumandhang dewe.
Bisane mung gawe repot wong liya.
Aja ladak
Tegese dadi wong aja gampang nyeneni, gampang nesu marang wong
liya. Urip kanthi sabar lan tawakal marakake uripe dadi tentrem lan ayem.
Kecamatan Tanggungharjo
Narasumber :
Nama : Suharno
Alamat : Desa Tanggungharjo
Umur : 50 Tahun
Pekerjaan : Wiraswasta
No.
Hp : 085292113097
§ Cariyos Ki Ageng Selo
Mbok Rondo kagungan putra naminipun
Joko Lelono. Joko Lelono ngangsu kawruh wonten ing Demang Brata. Joko Lelono
menika anak keturunan saking Demak. Pagaweyanne nandur ana ing sabin macul,
nandur tanduran palawija.
Salah satunggiling dinten Joko
Lelono tindhak menyang sabin kagem macul sabinipun. Wekdal menika wayah
mendhung ananging Joko Lelono. Lajeng wonten gledheg nyamber-nyamber. Joko
Lelono diutus Demang Brata balik wonten dalemipun amargi kahanane boten sae.
Ananging Joko Lelono boten kersa, piyambakipun ajeg macul sabinipun. Bledheg
nyamber-nyamber, ananging boten digugu kaliyan Joko Lelono. Dangu-dangu bledheg
menika kesel lan leren dewe anggenipun nyamber-nyamber banjur sumeleh ana ing
ngarepe Joko Lelono.
Bledheg wau banjur diukir wonten ing
kayu jati kaliyan Joko Lelono lajeng diseleh wonten ing ngajengipun masjid
Demak. Nalika
Ki Ageng Selo taksih nglukis wonten mbah-mbah putri ingkang diduga pacanganipun
gledhek ingkang taksih dipun lukis, lajeng mbah-mbah menika wau nyiram gambar
gledhek menika ngagem toya lan sakmenika nalikane gambar gledhek dipun siram
kepireng suantenipun gledhek ageng.
Gledhek ingkang dipun gambar arupi naga ical badanne kantun ndase lan mbah –
mbah ingkang nyiram ugi ical saknalika.
Joko Lelono manggen wonten ing Desa
Selo, amargi menika Joko Lelono asring ditimbali Ki Ageng Selo dados sesepuhan
ing Desa menika amargi saged nyepeng bledheg.
Menawi wonten bledheg ing desa Selo,
bledheg menika boten banter amargi wonten pawangipun bledheg ing desa Selo
inggih menika Ki Ageng Selo.
§ Pepali Ki Ageng Selo :
Aja manah angiwa
Tegese aja gampang anduweni pikiran kang ala. Pikiran ala kanggo
awake dhewe apa maneh pikiran ala karo wong liya. Dadi menungsa kudu tansah
anduweni pikiran kang becik, pikiran kang becik marakake tumindak, kahanan kang
becik uga. Pasrahne sekabehane maring Gusti ingkang damel urip.
Aja agawe angkuh
Tegese dadi wong aja kemaki, sombong pamer karo sing diduweni.
Kabeh di diduweni wong kuwi peparingane Gusti, dadi ora ana gunane yen
dipamer-pamerake wong liya, malah bisa nyelakani awake dhewe kanggo urip
bebrayanan
Aja ladak lan jail
Tegese dadi wong aja gampang nyeneni, gampang nesu marang wong
liya. Urip kanthi sabar lan tawakal marakake uripe dadi tentrem lan ayem. Aja
uga jail utawa nyrimpeti gawe repot wong liya. Aja gawe lara atine wong, kuwi
tumindak ala.
Aja ati serakah
Tegese dadi wong aja rakus anduweni ati serakah. Kabeh-kabeh digawe
awake dhewe ora gelem andum karo wong liyane,kuwi prakara elek sing ora perlu
dilakoni. Wong urip bebrayanan kudu tansah mikirake kancane uga.
Kecamatan
Kedungjati
Narasumber
:
Nama : Sutiyo
Alamat : Kalimaru,Rt 04/Rw 04
Kec.Kedungjati
Umur : 47 Tahun
Pekerjaan : Wiraswasta
No.
Hp : 085327187280
§ Cariyos
Ki Ageng Selo
Kacariyosaken wonten priyantun ingkang anama Ki
Bagus Songgom. Panjenengane putra saking raja kerajaan Tuban, ing satunggaling
dinten kerajaan Tuban nemahi kahanan susah, boten dangu kerajaan Tuban gugur/
rubuh amarga peperangan ageng kang ndamel raja kerajaan Tuban seda. Raja
kerajaan Tuban menika ramanipun Ki Bagus Songgom. Ki bagus songgom ingkang
slamet pindah wonten ing dusun Sela Kec. Tawangharjo Kab. Purwodadi.
Panjenenganipun kepanggih kaliyan Sunan Kaijaga ing Demak lajeng Ki Ageng
Seladados muridipun Sunan Kalijaga.
Wonten ing dusunipun Ki Ageng Selo kawentar
anggadhahi karemenan anandur taneman, panjenengane dados petani. Ing
satunggaling Satunggaling carios wonten priyantun ingkang anama Ki Ageng Selo.
Panjenengane putra saking raja kerajaan Tuban. Ing satunggaling dinten kerajaan
Tuban nemahi kahanan kang susah, boten dangu kerajaan Tuban gugur/rubuh nalika
wonten peperangan ageng lan ramanipun Ki Ageng Sela seda saknalika. Ki dinten
Ki Ageng Selo di dhawuhi dening Sunan Kalijaga tapa wonten ing pucuking gunung
Watu Pawon kang manggen ing Kec. Brati. Ki Ageng Selo pikantuk pusaka kang
arupi keprigelan nyepeng bledhek.
Sawijining dinten Ki Ageng Selo taksih anglampahi
karemenanipun anandur taneman wonten ing sabin, wayah sakmenika mendung lajeng
wonten bledhek nyamber-nyamber, Ki Ageng Selo boten pati nggagas nanging
gledhek sansaya ageng, lajeng Ki Ageng Selo duka lan gledhek menika dicekel
dipuntaleni ngagem taneman gandrik lejeng dipun bekta wangsul dipun deken
wonten latar wingking dalemipun Ki Ageng Selo.
Cariyosipun gledhek menika wonten pacanganipun,
gledhek setunggal sampun dipun cekel dening Ki Ageng Selo lan pacanganipun duka
(dendam) kaliyan Ki Ageng Selo lan putra wayahipun. Lajeng wonten papali menawi
wayah surup boten angsal saba wonten ing sabin lan menawi wonten mireng gledhek
nyebut :
“Lahaulawalaquwwataillabillah ping 3”
Sunan Kalijaga mangertosi keprigelannipun Ki Ageng
Selo saged nyekel gledhek, Sunan Kalijaga dereng percados lan ndhawuhi Ki Ageng
Selo bekta bledhek menika wonten ing kerajaan Demak. Ki Ageng Selo nglampahi
dhawuhipun Sunan Kalijaga lan sowan wonten ing Kerajaan Demak. Sakwise dugi
wonten ing kerajaan Demak kepanggih kaliyan Sunan Kalijaga dhawuhi Ki Ageng
Selo nggambar gledkeh menika wonten ing lawang kerajaan Demak kanthi gambar
naga. Nalika Ki Ageng Selo tksih nglukis wonten mbah-mbah ingkang diduga
pacanganipun gledhek ingkang taksih dipun lukis, lajeng mbah-mbah menika wau
nyiram gambar gledhek menika ngagem toya lan sakmenika nalikane gambar gledhek
dipun siram kepireng suantenipun gledhek
ageng. Gledhek ingkang dipun gambar arupi naga ical badanne kantun ndase lan
mbah – mbah ingkang nyiram ugi ical saknalika.
§ Pepali
Ki Ageng Selo :
Aja nandur waluh
(ora ana latar belakange)
Aja saba sawah ing wayah surup
Amarga
pacangane gledhek duka (dendam) marang Ki Ageng Sela lan anak putune bakal di
samber yen gledhek upama saba wayah surup. lan menawi wonten mireng gledhek
nyebut Lahaulawalaquwwataillabillah ping 3. Pernah kedadean wong ing kana
ngeyel saba sawah ing wayah surup (maghrib) banjur disamber gledheg lan mati.
Aja
nglungguhi utawa ngumbahi ana ing andhuwure watu (kanggo prawan)
(ora
ana latar belakange)
§ Ajaran
Yen
krungu gledhek nyebut Lahaulawalaquwwataillabillah ping 3.
Amarga
nyebut kanthi Asmane Gusti Allah bakal slamet.
Yen
krungu gledhek nyebut “ gandrik, aku putune Ki Ageng Sela”
Amarga gledhek wedi
karo tanduran gandrik lan isih ketrurunane Ki Ageng Sela.
Kecamatan
Karangrayung
Narasumber
:
Nama : Mbah Tarom
Alamat : Karangrayung
Umur : 70 Tahun
Pekerjaan :
Guru Ngaji
No.
Hp : -
§ Cerita Ki Ageng Selo
Salah sawijining dina, wayah esuk Ki Ageng Selo tindhak nang sawah
badhe nandur pari (kaya biasane) amarga wektu musim kuwi musim labuh, musim
nandur pari. Wektu saweg nandur pari, Ki Ageng Selo diganggu karo swarane
gledheg sing nyamber-nyamber. Pisan pindho gledheg mau ora digagas, suwi-suwi
gledhege saya banter. Ki Ajeng Selo banjur nantang gledheg kuwi mau. Gledheg
kuwi mau banjur malih wujud dadi mbah kakung kang wus tuwa umure. Kelorone Ki
Ageng Selo kaliyan mbah kakung mau prang gedhe. Amarga Ki Ageng Selo sekti
mandraguna ora keliwat suwi, gledheg kuwi mau bisa dikalahake. Gledheg kuwi mau
ditaleni karo wit-witan sing ana nang papan panggonan sawah kuwi mau. Wit kuwi
yaiku wit gandri. Gledheg sing wis ditaleni karo wit gandri kuwi mau banjur
digawa kondur menyang daleme. Kabeh kulawargane Ki Ageng Selo padha wedi karo
gledheg kuwi mau.
Prakara Ki Ageng Selo sing bisa nangkep petir kuwi mau sumebar
tekan ngendi-endi. Sunan Kalijaga mireng yen Ki Ageng Sela bisa ngalahaken
gledheg. Sunan Kalijaga mrintahaken datheng Ki Ageng Selo supaya mbeta gledheg
kuwi mau menyang Demak, Sunan Kalijaga kagungang pangarepan supaya Demak bisa
adoh saka samberan gledheg lan ndadekaken Demak makmur santosa. Ki Ageng Selo
lajeng mbeta gledheg kuwi mau menyang Demak.
Ki Ageng Sela tekan Demak, Ki Ageng Selo ngajeni para wali, salah
sijine Sunan Kalijaga. Apa wa printahipun para wali mau dipuntindhakaken dening
Ki Ageng Selo. Sunan Kalijaga ngutus Ki Ageng Selo ngukis gledheg kuwi mau ana
ing ngarep lawing masjid Demak. Ki Ageng Selo lajeng nglukis gledheg kuwi mau
ana ing lawing ngarep masjid Demak. Ananging anggone nglukis durung dadi,
dumadakan ana mbah putri teka banjur nggrujug lukisan kuwi nganggo banyu. Mbah
Putri kuwi banjur sirna ora ngerti ana ngendi parane. Dadi lukisan ana ngarepe
masjid Demak durung dadi gara-gara digrujug banyu mbah kuwi mau.
§
Ajaran Ki Ageng Selo :
kudu nglakoni tuntunan agama kanthi becik, bisaa mbagi wektu leren lan nyambut
gawe, dadi wong kudu jujur.
§
Pepali Ki Ageng Selo
Aja sira watak sugih wani
Tegese aja kewanen. Karo wong tuwa aja kewanen kudune
tansah ngajeni apa sing dadi utusanne wong tuwa.
Aja sira watak ngajak tukar
Tegese aja seneng gawe geger, gawe ribut padha-padha
kanca anggone urip bebrayanan. Urip sesandhingan kudune tansah rukun supaya
uripe bisa adhem ayem. Urip gegeran ora ana gunane ora ana faedahe.
Aja ngendelake ilmune
Tegese aja sombong utawa wani pamer karo ilmu sing
diduweni. Kabeh ilmu meski ana ilmu sing luwih dhuwur. Dadi ilmu sing diduweni
meski ana sak dhuwure. Dadi aja sombong karo ilmu sing diduweni
Aja aja demen umuk
Tegese aja dadi wong sing seneng ngomong, seneng umuk.
Wong sing seneng ngomong biasane seneng rasan-rasan wong liya. Kuwi ora ana
manfaate, bisane ngomongne cacate wong liya mung nambahi dusa lan nambahi
mungsuh sing bisa nyengsarakake anggone urip bebrayan
Aja
sira demen nyumpahi
Tegese
aja gampang ngomong sumpah marang wong liya, nyumpahi wong liya. Kuwi ngono ora
apik, bisa marakake kuwalate awake dewe.
Hasil
wawancara :
Narasumber
:
Nama : Agus Nugroho
Alamat : Gubug
Umur : 55 Tahun
Pekerjaan : wiraswasta
No.
Hp : -
Tempat
: Di Rumah Bapak Agus
Penanya :
“Assalamualaikum.”
Narasumber :
“Walaikumsalam. Wonten napa nggeh mbak.”
Penanya :
“Kula badhe nyuwun pirsa. Bapak menapa tepang kaliyan cariyos Ki Ageng
Selo?”
Narasumber : “Tapi yang pasti saya gak nganu tahu
pasti, saya hanya dengar-dengar terus
akhirnya api niku diabadikan di
masjid Agung demak itu pada waktu memegang petir di pohon gandri tepatnya di
dusun Selo.”
Penanya : “Menawi cariyos utawi kejadian
ingkang dilampahi ki Ageng Selo niku napa mawon, pak?”
Narasumber : “Kejadian itu kan merupakan syiar mbak
dalam agama islam pada waktu itu yang kebetulan dia mempunyai keistemawan,
keistimewaan itu dimanfaatkan kaleh raden Fatah termasuk sunan Kalijaga
juga yang kebetulan sunan kalijaga itu sahabatnya. Akhirnya ki Ageng Selo
mempunyai keistemawaan itu menangkap petir yang berbentuk naga dan sekarang
diabadikan di Demak.”
Penanya :
“Sanesipun?”
Narasumber : “Sahabatnya bagajur itu juga dulunya dari
Ngrata namun dia juga punya keistimewaan dari sekian wali ingin ngebleske cagak
gak bisa akhirnya dia diundang ke Demak kon nyeblokke tiang utama masjid Demak.”
Penanya :
“Menawi cariyos ki Ageng Selo perang?”
Narasumber : “Ada
mbak pada waktu itu ada syekh Siti Jenar terus juga yang mengajarkan yang dari
landuk Jawa Timur anaknya raja (saya lupa nama bapaknya) dari Kediri dia lari
kesini dia mengembara yang merupakan sahabat ki Ageng Selo pada waktu itu orang
angon wedus dan kebo terus dia dari kyai disuruh nyabrang pakai kelapa 2 terus
dia punya firasat kalau ada banyu mesti ana iwak. Sekarang kalau ada banyu
klapa ana iwak apa orak kelapa ana banyune nanging ana iwake apa ora.”
Penanya :
“Sahabat menika wau name aslinipun sinten?”
Narasumber : “Saya
enggak ngerti nama aslinya tapi merupakan sahabat. Terus desa landuk juga
pelarian dari Jawa Timur.”
Penanya :
“Cariyos ki ageng selo niku kan
wonten pepaline. Kadosta boten angsal jualan nasi, lha ten mriki wonten
napa boten?”
Narasumber :
“Pepali niku maksudte napa?”
Penanya :
“Maksudtipun larangan, pak.”
Narasumber : “Sementara
disini enggak ada pepali mungkin hanya sekitar daerah Selo, kalau yang di Tawangharjo
masih ada mungkin pepali yang jualan nasi itu dilarang.”
Penanya :
“Mbok menawi wonten mriki enten pepaline?”
Narasumber :
“Boten wonten.”
Penanya :
“Wonten mriki napa wonten sesepuh ingkang linuwih mangertos babagan Ki
Ageng Selo?”
Narasumber :
“Saya kira kok tidak ada, karena di kecamatan sini juga ada cerita
sendiri, dan sudah jauh dari Selo Tawangharjo.”
Penanya :
“Mekaten…bapak. Matur suwun sanget pak informasinipun.”
Narasumber :
“Nggih sami-sami mbak.”
Penanya :
“Assalamualaikum.”
Narasumber :
“Walaikumsalam salam mbak.
Narasumber
Nama : Suwarno
Alamat : Gubug
Umur : 53 Tahun
Pekerjaan : Wiraswasta
No.
Hp : 085326045562
Tempat : Di Rumah Bapak Suwarno
Penanya : “Assalamualaikum, Pak badhe nyuwun pirsa babagan cariyosipun Ki
Ageng Selo wonten ing kecamatan Gubug mriki?”
Narasumber : “Ki Ageng Selo?”
Penanya : “Nggih pak, cariyosipun Ki Ageng
Selo ing kecamatan Gubug?”
Narasumber : “Boten wonten, Ki Ageng Selo kan wonten
ing Godong, Purwodadi kalih Wirosari.”
Penanya : “Ndek wau ngendikanipun bapak
Shofiq, mbok menawi Bapak tepang utawi mangertos babagan Ki Ageng Selo.”
Narasumber : “Ki Ageng Selo?”
Penanya : “Nggih, ngendikanipun pak Shofiq mekaten
pak.”
Narasumber : “Lajeng badhe menapa?”
Penanya : “Nggih cariyos pak, menawi
pepali-pepali menika wonten menapa boten pak ing mriki?”
Narasumber : “Ki Ageng Selo manggone ing Tawang Harjo
niku?”
Penanya : “Inggih pak.”
Narasumber : “Ki Ageng Selo, kala riyen sak ngertine
kula niku saking anak ngandhapipun Sunan Kalijaga, niku mawon ingkang kula
mangertosi. Wonten mriki niku boten Ki Ageng Selo, ananging Ki Ageng Sabariman.
Penanya : “Namung niki pak? Kula inggih sampun
mrika ing Tawang Harjo, datanipun menika dipendet wonten ing saben-saben
kecamatan.”
Narasumber : “boten ngertos kula mbak!”
Penanya : “ Sekedhik mawon pak?”
Narasumber : “Nggak, nggak, nggak tau saya. Yang saya
tau hanya beliau bisa menangkap petir dan petirnya itu dikurung Ki Ageng Selo
iku wedi karo getih.”
Penanya : “Lajeng pripun pak?”
Narasumber : “Kula boten ngertos mbak, ingkang kula
mangertosi namung Ki Ageng Selo kuwi nduwe bojo lan anak, bojone jenenge Nawang
Wulan anakke Nawangsih. Wis mbak namung iku sing tak ngerteni, amarga ning kene
ora Ki Ageng Selo, ananging Ki Ageng Sabariman.”
Penanya : “Lha menawi papali-papalinipun
wonten menapa boten pak?”
Narasumber : “pamalinipun niku nek ning Tawang Harjo
ugag olih dodolan sega karo dhak olih nandur waluh.”
Penanya : “lha niku maksudte pripun pak?”
Narasumber : “ maksud sing kepriye?”
Penanya : “Tegesipun Latar belakang pepali
menika menapa Pak?”
Narasumber : “Yawis saka kana mula….aku ora ngerti!”
Penanya : “Menawi ajaran Ki Ageng Selo wonten
ing daerah mriki taksih dilakoni menapa boten pak?”
Narasumber : “wis ora, saiki jamane wis beda. Tapi mboh
yen ning daerah Selo kana.”
Penanya : “nggih mpun pak, Matur Nuwun.
Pangapunten ingkang kathah sampun damel repotipun Bapak.”
Narasumber : “Boten napa-napa mbak.”
0 komentar:
Posting Komentar