Sekar Jatikusuma
Awit jejering titah amung saderma ngelakoni yen ta kepeksa
kudu sesingit ana wiwaraning lelakon. Kang perlu intuk kawigaten dhimas amrih
yayi Wara Srikandi kang dina iki dumunung ana Pancalaradya bisa kaboyong
menyang Madukara maneh. Anengahi para ambeg utama samya imbal pangandika,
ketungka sowane Prabu Anom Gathutkaca miwah raka Wasi Hanantareja iya Dyan Antareja
kang lelorone jejer cudhaka sowan sinuwun Prabu Durpada. Sawise kapanembrama
lan para anom atur pangebekti marang pepundhen. Sri puntadewa nuli ndangu.
Pasewakan kabubarake para Pandhawa miyos mring alun-alun,
mengkana uga Dyan Gathutkaca-Antareja nuli samya sewangan marga. Prabu
Puntadewa miwah Raden Nangkula-Sadewa nitih kreta kencana kairing wadya
pendherek sawetara. Raden Antareja ambles bumi, Prabu Anom Gathutkaca ngambah
dirgantara. Kacarita sang Prabu Anom Gathutkaca arsa ngambah dirgantara wis samapta
ngencengi busana nira. Sampad busanane sang Gathutkaca gya ngrasuk wasiyat
peparing dewa. Kontang Antrakusuma sranane bisa mabur tanpa elar. Kasut
Padakacerma walungsune Hyang Anantaboga kawasane yen ngambah dirgantara lan
ngungkuli lemah sangar kayu aeng miwah papan wingit dadi tawa tawi tawar
Sang Bima sigra samapta ranggane busana arsa lumaksana.
Angagem gelung minangkara cinandhi rengga. Lancingan cindhe wilis tinrapan
porong adhapur naga raja. Sampad rengganing busana. Haria Bima gya samapta dennya
arsa lumaksana. Dyan Werkudara yen lumampah tanpa marga, mung kairing sindhung
riwut bayu bajra
Meh rahina semu bang Hyang Haruna kadi netrane angga rapuh.
Cahyane sumrambah mring mega lan gunung-gunung. Parandene ing padhepokan
Jatisarana sang puthut Jatiwasesa sru manungku puja ing sangajenge sekar
Jatikusuma. Kagyat sang puthut rewanda dupi mulat ana tamu satriya kekalih.
Sang Anom kekalih kapanembrama miwah tinanya asale. Kanthi cepet Jatikusuma wis
ana tangane Begawan Kumarayekti Katgadeng tyas puthut Jatiwasesa sru anawung
tikbra. Nadyan Bimaputra kekalih tan katalompen mbantu si puthut.
Puthut Jatiwasesa sarwi kirig nyerang kanthi jurus “Wanara
Rukem”, dene sang Gathutkaca ndhupak ngidak nguntir marang lawan. Raden
Antareja nyoba mblesegake si Kumarayekti mring bumi. Sekawit pandhita yaksa iku
kanggo bal-balan paraga tetiga. Kumarayekti mbalang kemayan pengabaran agawe si
puthut lemes ilang otot bebayune. Dene para Bayu putra yayah asawang layon,
Puthut Jatiwasesa rinayuk dening Resi Kumarayekti linebokake jubah. Rumangsa
wis kasil, sang begawan Kumarayekti nulya mentar.
Jemparing
Nagapasa (
Jroning ratri kawuwusa, Raden Indrajit. Sawise ngoncati
payudan labet kreta titihane pinupuh renyuh dening Jaya Anggada, Sang
Rahwanaputra manjing sanggar pamelangan. Muja semedi sumedya matak air jaya
kawijayan guna piranti Kumutung kukusing dupa. Ana tanda katarima subrata
jroning wengi peteng dhedhet lelimangan, ing akasa ana swara gora gemuruh,
lirda sarira nora kasat netra awon lawan petenging wengi. Sinandhangan warastra
wangun naga kang wasta Bujanggasara ya Nagapasa sarta tinambangan aji tenung.
Katon nggegirisi wujude jemparing Nagasapa. Awangun taksaka mingis-mingis
siyunge. Lumepas ponang warastra aneng antariksa malih bahar dadi naga, ula,
sarpa, taksakamakheti-kethti mayuta-yuta.
Sang megananda mulat wiyose ing kang paman Wibisana, sigra
ngoncati pabaratan manjing pura matur marang ing kang rama nata kalamun Sri
Rama miwah wadya bala kapi wus tumekaning pati kataman nagasapa. Dyan Indrajit
ginanjar skehing retna mas picis rajabrana miwah sotya-sumotya. Mangun suka
andrawina sakehing wira reksasa, nginum tuwak waragang nganti wuru. Nalika
semana Raden Wibisana wis mijil saka pakuwon, ngungun denira ningali dening
Sang Ramawi jaya miwah Raden Sumitraputra kabebet senjata naga ngalumpuk tanpa
daya. Katungka praptane Niken Trijatha kang petrek-petrek ngrungkebi pangkone
ingkang rama. Niken Trijatha ngaras padane ingkang rama. Wus tumeka Taman
Argasoka, marang rekyan Wara Sinta katur salire lelakon miwah wecane ingkang
rama Sang Koda Wibisana. Kusuma Trijatha rinangkul kinuswa-kuswa Sakaloron
wanodya endah iku nuli rerangkulan. Nuli manjing marang sanggar pamelangan,
manungku pudya meminta sih nugrahaning Hyang Suksma. Trenyuh mulat marang bala
wanara kang nggalasah yayah tumekaning pralaya. Miwah angles anggone ningali
kahanane ingkang rayi Laksamana, alon ngendika Sri Ramawijaya kanthi ngeres
kekes jroning nala.
Duk jaman purwa, Dewi Kadru lan Dewi Winata widadari
kaswargan garwane Resi Kasyapa, pinaringan endhog loro sowang. Endhog kagungane
Dewi Kadru netes dadi naga gedhe aran Naga Taksaka. Dene endhog kagungane Dewi
Winata netes dadi Peksiraja Haruna lan Peksiraja Garudha. Jemparing Nagasapa
sanjatane Indarjit iku nora liya dumadi saka kumarane para naga, ula, taksaka,
sawer, sarpa turune Dewi Kadru, kang samengko dedunung aneng jagading pepeteng
ya ing alaming nyeluman, sinambat dening Raden Indrajit, pinuja dadi Jemparing
Nagasapa, ketemu kalawan pengapesane yaiku Sang Hyang Garudha ya Garudha Brihawan.
Peksiraja Haruna dadi titihane Bathara Surya, dene Peksiraja Garudha dadi
titihane Bathara Wisnu, kang samengko manitis minangka Sri Ramawijaya. Sawise
luwar saka panggubeting nagasapa. Sansaya makantar-kantar kanepsone kepingin
enggal ngrabasa ing yuda, nyimakake bala reksasa lan nandukake piwales maran
SUTIKNAPRAWA, NOM-NOMANE BEGAWAN
ABIYASA
Merga Pakulitane Ireng Karan Kresna
Dwipayana
Raden Sutiknaprawa iku jeneng liya, dasamane Begawan Abiyasa
nalika isih taruna. Sinatriya iki putrane Begawan Parasara utawa Palasara kang
miyos saka garwa Dewi Durgandini. Ing lakon Wiratha Parwa Rajamala kancakarupa
lan rupakenca palastra dening jagalbilawa nalika semana karo pandhawa liyane
padha namur kawula, ngayom ing wiratha. Raden Setatama akhire uga tiwas nalika
dadi jago sayembara perang lumawan para ratu kang ngayunake mbakyune. Dewi
Rekhawati gugur lumawan Durgandana kang dibiantu Abiyasa.
Dene Gandawana banjur diaku dadi putrane Prabu Gandabayu ing
negara Pancala, nadyan putraning ratu, dheweke ora kersa jumeneng ratu
nggentosi kalenggahane ingkang rama angkat. Bagawan Parasara pancen karem ulah
tapa, kaya para leluhure saking suwe lan sengseme anggone tapa, nganti rikmane
gimbal, kanggo nyusuh manuk emprit sajodho. Nalika arep dicekel manuk iku
mabur, ninggal piyike sing keluwen. Bareng tekan pinggir bengawan manuk emprit
mau ndadak ilang tanpa lari.
Ana sawijining wanita ayu kang melahi prahu nyedhaki minggir,
yaiku Dewi Lara Amis iya Durgandini kang gelem nyabrangake waton sang Bagawan
kersa ngusadani memalane. Nalika disabrangake iku Palarasa kasil ngusadani
memalane sang Dewi. Ing satengahing prahara Palarasa ora kuwat ngampah
hardaning asmarane. Praune dhewe ajur sawalang-walang, pecahane prahu sing
kiwa-tengen, mahanani dumadining manungsa sing sateruse karan Rupakenca lan
Kencakarupa. Memalane sang Dewi dadi Rajamala dene kamane sang begawan kang
kinandhut ing yuyu mujil bayi Rekhawati. Dene bayi kang kinandut Dewi
Durgandini dhewe, sawise lair ing sawijining pulo, pinaringan tetenger
Sutiknaparwa. Merga pakulitane ireng lan lair ing pulo uga sinebut
Kresnadwipayana.
Begawan Palarasa nerusake tindake tumuju alas Kurujanggala
iya Grastina kang kacarita dadi mula-mula bukane negara Astina. Sasurute
Begawan Palarasa Astina dilenggahi Prabu Sentanu kang isih rayine tunggal guru. Sasedane Prabu Sentanu ora wurung kang
jumeneng ratu ing Astina ora liya iya banjur Raden Sutiknaprawa iya Resi
Abiyasa kang mengkone nurunake Pandhawa liwat Prabu Pandhuwanata kang miyos
saka garwane kang asma Dewi Ambalik
Maharsi
Wiyasa (Ki Nayantaka)
BEGAWAN ABIYASA uga sinebut Sang Maharsi Wiyasa, ibune
Abiyasa asma Dewi Gandawati. Awit isih umur Dewi Gandawati diparengake marang
Prabu Dasa dening ingkang rama, sawise diwasa Dewi Gandawati kagarwa Begawan
Palasara peputra Abiyasa. Dumadakan Bathara Narada rawuh ing kedaton Wiratha
nemoni Prabhu Wasupati, Prabu Sentanu lan Bagawan Palasara. Bathara Narada
didawuhi Dewi Gandawati supaya kadhaupake karo Prabu Sentanu, nanging Prabu
Sentanu kudu masrahake negara Ngastina marang Begawan Palasara. Mula bareng wis
sawatara suwe anggone jumuneng nata, banjur kalingsiraKe marang sang Wiyasa,
jejuluk Prabu Kresna Dwipayana.
Sang Rancakaprawa hiya jejuluk Sang Sutiknaprawa. Mula
kawastana Sang Rancakaprawajalaran paring pitulungan kawulane sing nandhang
susah, mulane jejuluk Sang Sutiknaprawa awit nggeganjar sarta agawe senenging
atine para kawulane. Garwane sang Kresna Dwipayana ana telu yaiku 1. Dewi
Ambika ratu ing negara Kasi 2. Dewi Ambalika rayine Dewi Ambika peputra pandhu
3. Dewi Datri saka golongan waisya peputra Widura
Ing sadurunge dadi garwane Sang Wiyasa, putri tetelu mau dadi
garwane Raden Dewabrata ya Sang Bisma, nanging gandheng Bisma wadat mula
panggalihe Dewi Gandhawati susah banget. Nalika semanten para putri garwanipun
para striya punika sami marak datheng para brahmana sami nyuwun dipun
ny=ugrahani putra. Putrasatriya ingkang saking para Brahmana dados golongan
satriya. Dewi Gandhawati banjur kelingan yen darbe pulunan sadurunge ginarwa
ing Prabu Sentanu yaiku MHARSI Wiyasa, putrane sang Dewi Kang patutan karo
Begawan Plasara.
Dewi Gandawati sakala banjur muja semedi. Sawuse dhinawuhan
sendineng gati, Sang Mahasi Wiyasa gelem, lan banjur klakon putri tetelune
pisan kagarwa dening Sang Kresna Dwipayana nganti patutan Dhestharasta, Pandhu
lan Widura. Kalenggahane ing kraton Ngastina banjur lumengser marang Sang
Pandhu. Pandhu kagungan putra Pandhawa lima. Puntadewa, Bratasena, Harjuna,
Nangkula lan Sadewa. Sang Kresna Dwipayana bali mertapa ana ing pertapan Wukir
Saptaharga hiya wukir Rahtawu. Sang Begawan banget tresna marang para wayahe,
luwih-luwih marang Puntadewa, Sang Begawan wis pirsa yen anggone lelaku iku
mung netepi darmaning satriya tama, kanggo nggayuh marang kamulyen ingkang
langgeng, awit saka laku lara lapa kuwi kang dadi kahanane mulyatama
Mula Bukane Ana Wuku (Purwadi)
Penyebar Semangat no 7 14 Pebruari 2009
Wanita ayu endah ing warna tur kasinungan awet enom kekasih
risang Dewi Sinta Basundari. Nanging sajroning uripe Sang Dewi tansah kabentus
lelakon kang ora nyenengake ati. Nadyan Sang Dewi iku kagarwa dening Ratu ing
nagara Gilingaya Prabu Palindriya jejuluke. Sang Dewi jumeneng minangka garwa
prameswari. Sawijining dina kamaru dening wanita loro cacahe sesilih Dewi Soma
lan Dewi Landhep. Dewi Sinta Basundari ora rumangsa seneng atine kamaru lawan
Dewi Landhep. Mula Sang Dewi banjur mutusake bakal ninggalake nagara Gilinganya
uga ninggalake Sang Prabu Palindriya. Sang Dewi nalika iku kahanane nedhenge
mbobot ngandhut pohang jabang bayi. Ana sjroning gubug tuwa mapan ing tengahing
alas, ya ing kono Sang Dewi anglairake putrane kang mijil priya kanthi kahanan
kang sehat lan kebak ing semangat. Jabang bayi kasebut banjur kasinungan
tetenger Raden Radite, nanging banjur kendhanging akeh, aran Jaka Wudhug.
Nadyan isih bayi Jaka Wudhug wis katon bagus pirang-pirang taun lawase, Jaka
Wudhug katon gelis diwasa. Jaka Wudhug uga seneng tapa brata nganti mataun-taun
lawase. Nula ora mokal yenta Jaka Wudhug banjur kasinungan kasekten linuwih
katitik jim, setan, sluman apa maneh kewan galakpadha wedi marang dheweke.Ing
nagara Gilingwesi ajejuluk Sang Prabu Watugunung. Para raja banjur padha pasrah
lan teluk marang Sang Prabu Watugunung. Para warandhaning ratu banjur ginarwa,
uga para wanita-wanita liyane. Ora keri Dewi Sinta apadene Dewi Landhep.
Bebrayane Prabu Watugunung lawan Dewi Sinta banjur nurunake putra nganti cacah
22. Ing sawijining wektu saiba kagete Dewi Sinta Basundari nalika lagi
satengahing petan, ing mustakane Prabu Watugunung tinemu pethak tilas tatu.
Sang Dewi banjur nyuwun katrangan marang Sang Prabu Watugunung apa ta sajatine
kang njalari tilas tatu. Prabu Watugunung banjur ndongeng nalika panjenengane
isih cilik lan nakal, amarga saka dukane ibune banjur thinuthuk enthong sirahe.
Saiba kagete Dewi Sinta barang mireng critane Sang Prabu Watugunung dheweke
lagi sawijining cara kanggo males seriking ati marang atmajane garwane yaiku
kanthi ngojok-ojoki Prabu Watugunung supaya ngayunake Bathari Sri garwane
Bathara Wisnu manawa bisa kalakon Sang Prabu Watugunung banjur dhawuh marang
para putrane kang cacah 22 kinen siyaga ing watugunung.
Mula ora mokal yen ta paperangan ora bisa disingkiri. Nganti
purang-pirang dina kekarone padha mangunyuda, suwe-suwe Bathara Wisnu
enggal-enggal mungkasi kridane mungsuhe kanthi nglepasake sanjata cakra
pamunahing satru seti. Nadyan ta garwa lan putrane Prabu Watugunung uga
tinimbalan ing Dewa kaunggahake ing nirwana. Kang dumadi saka asmane Prabu
Watugunung, Dewi Sinta Basundari (ing pawukon amung sinebut Sinta), Dewi Landhep
lan putrane kang cacah 22, yaiku ukir, kuranthil, tolu, gumbreg, warigalit,
warigagung, julungwangi, sungsang, galungan, langkit, kuningan, mandhasiya,
julungpujut, pahang, tambir, kuruwelet, marakeh, tambir, mandhakungan, maktal,
wuye, manahil, prangbakat, bala, wugu, wayang, kulawu dan dukut.
Kala Bendana Lena (Ki Sudadi)
Penyebar Semangat no 42 18 Oktober 2008
Ditya KalaBendana
sigra budhal tumuju Wiratha. Raden gatutkaca kaget atine nyumurupi Ditya Kala
Bendana orak bisa diajak nyimpen wewadi. Nadyan belegere wujud denawa, nanging
selawase urip dheweke ora tau kandha goroh. Tumrape Ditya Kala Bendana, laku
goroh iku mesthi bakal nutupi barang kang ala. Sepisan kandha goroh, wong iku
kudu nutupi bab kuwi sateruse. Goroh sepisan kudu diterusake laku goroh liyane.
Lakune Ditya Kala
Bendana tumuju Wiratha. Kang kinarya sambunge cerita nora kaya kan aneng
madyane taman kaputrane negara wiratha. Nalika semana Raden Abimanyu lagya
karonsih mbangun tresna karo garwane sing angko loro yaiku, Dewi Utari. Amarga
isih cedhak alur galure paseduluran. Dewi Utari asring nyebut Raden Abimanyu
nganggo sebutan kangmas, dhimas utawa kulup. Dene Raden Abimanyu asring nyeburt
Dewi Utari nganggo sebutan kakang mbok, dhiajeng utawa malah kanjeng eyang.
Kekarone terus pada
andon tresna satatane jalwestri kang sih sinisihan. Dewi utari sigra denpangku
aneng pangkonane raden abimanyu. Raden Abimanyu ngaras palaparane Dewi Utari
kanggo nyuntak rasa tresna. Kekarone nyata wus kerem ing samodrane tresna. Jagad
katon endah tan bisa digambarake.
Mangkono rasane wong kang lagi andon tresno.
Kocapa naliko Dewi
Utari lagya kerem olah tresno kedadak praptane. Ditya Kala Bendana ing taman
kaputren. Tekane buto kang gumrojog tanpa larapan iku ora wurug agawe kagyat Risang
Putri. Sigra njerit ajelih – ajelih Dewi Utari dheweke enggal takon maraang
Raden Abimanyu sapa satemene denawa kuwi. Bareng dikandhani yen dheweke iku
adine Dewi Arimbi kan ora liya iya pamane raden gatot kaca. Dewi Utari lagi
ilang rasane wedhine.
Ditya Kala Bendana
manut manut wae digalandhang metu. Tekan njaba, jebule Ditya Kala Bendana
diundamana lan diplara. Sidane dinawa sing lugu kuwi mulih menyang pringgadani
ngegombal rasa cuwa. Ora riyane yen pakartine satriyaning praja padha kasar kaya
ngono. Bubur njlempani Ditya Kala Bendana, Raden Abimanyu mlebu maneh anang
taman. Dewi Utari sajak cubriya, mula terus takon marang garwane.
Raden Abimanyu bakal
diranjah gegaman sewu dening wadyabala kurawa nganti ratune arang kranjang lan
gugur dadi kusumane bangsa. Nadyan kandha dora nanging ora kawistra, mengkono
kewasisne satriya. Sarambut pinara sasra Dewi Utari ora duwe rasa cubriya lamun
Raden Abimanyu iku wus kagungan garwa. Dewi Utari nyata kenya kang pinter
leladi ing garwa tan mokal lamun bisa weweh rasa gandem lan marem marang Raden
Abimanyu.
Nalika Raden Abimanyu
wus manjing ing panthi pagulingan lan andon tresna lakune Ditya Kala Bendana
wus adoh ning galake negara wiratha. Nyumurupi pamane sing ora gelem diajak
goroh, Raden Gatot kaca rumangsa mangkel. Cepet utawa suwe wewedi kuwi bakal
kawiyak. Mung kari ngenteni wektu.
Pedhut Ing Madyaning Bengawan (Supardi Sastrodiharjo)
Penyebar Semangat no 50 13 Desember 2008
Surya wus sak genter
punjul munggah cakrawala wetan. Wiwit gawe umobo banyu bengawan kang a,ba
ngilak – ngilak. Mahanani iwak – iwak padha paating bilulung minggir satepening
bengaawan kang ana royomane wit – witan.
Keprungu panggeresahe
Rara Arnia kang wiwit mau ana sanduwure praune. Atine ndongkhol banget kawit
mau. Durung ana powongan kang nggunake tenagane. Durung ana penumpang siji –
sijiyo sing disabrangake. Paling ora wis nyabrang ake penumpang kaping pindho
la ko iki setugel wae durung. Padha neng endi ta jan – jane wong – wong kuwi
kok ora ono sing nyabrang ?.
Kelingan ganda amis
kang tumuma ing anggane, kumembang luhe Rara Arnis. Rara Arnis ngundang tabib
kondhang. Kabeh syarat lan perantahe wis dilakoni. Kepengen banget ganda arnis
kudhu minggat saka anggane Rara Arnis. Nanging ngnati saiki, ganda arnis kuwi
isih wae taneg nempel. Rara Arnis ujug – ujug wong lanang setengah tuwek kuwi
njejeri ing dhuwur praune ora ureh sangka parane. Eseme Rara Arnis nyigar lambe
rikala nyawang pawongan lanang setengah tuwek kuwi. Rara Arnis njengkerutake
alise. Kelingan duk ingi uni rikala diwenehi gaweyan dening bapake sing mung
tukang mancing supaya dadi tukang prau. Isih dumilang ing kupinge. Tembung –
tembunge bapake kuwi persis kaya sing didhawuhake rikala semana. Ora ditambahai
ora disuda. Amarga wis piniji dening hyang widhi kadideni pawongan kinecek ing
sesami, pawongan linuwih ing liyane, apa sing disuwun bakal diwujudi dening
hyang widhi, mung saran ngarayang pundhake Rara Arnis, padha sakala ilang
musnah ganda arnis kang marahi kudu mutah – mutah.
Rara Arnis pancen
ndeleng pedhut putih kang ngemuli praune Rara Arnis mantep yen aman saka
pandelenge mripat liyan. Mula dheweke siyap nandhingi krodhane resi palasara
kang pilih tandhing. Rara Arnis sing wis diganti jenenge Satyawati dening Resi
palarasa wis nggarbini. Jarane resi palasara, kuwi mono gawan bayi. Dadi
biyunge iyo kudu nampa kanthi ati seneng lan pasrah. Esuk kuwi naliko tangi
turu setyawati mung plongo – plongo. Setyawati mudhun soko peturon. Atine
nggragap ora kepenek rikala nyawang canthelan sing kanggo nyanthelake
penganggone resi palasara. Orak ono sing cemanthel gak penak pikirane lan atine
setyawati cengkelak. Bali neng kamar peturone. Grayah – grayah tangane ing
ngisor bantale resi palasara. Nemu gondhong lontar sing kebak tulisane resi
palasara banjur diwaca lungo merga nindakake wajibe para resi. Duwe bojo resi
yo ngene iki pitukone. Bayi seng saiki isih kok gembol kuwi, suk emben lair
lanang. Nuli wenehane jeneg : Abiyasa.
Nyai Setyawati dak
jaluk tetep manggon ing panggonan iki. Supaya anggonmu nggarbini ora konangan
sapa wae. Kanti mengkono sebutan prawan sawise anakmu lanang lair isih ajeg
nemplek neng awakmu. Ing mbesuke sliramu bakal diwengku dening ratu gung
binathara saka negara hastinapura kang jejuluk prabu sentanu. Rampung anggone
maca, Setyawati mung kelpo – kelop nganthi godhong lontar kuwi ceblok saka
tangane.
Geger
Suralaya (Wisnu Sri Widodo)
Jaya Baya no
i3 4 Nopember 2011
Ing negara Himapura ana raja sing mimpin yaiku Srinata. Duwe
julukan Prabu Ndaruwardaya. Nalika semana,
Prabu Ndaruwardaya kepengin nggarwa salah sawijining widadari kaswargan,
yaiku Bhatari Supraba.banjur dheweke mrintah Patih Udan Agung supaya gawa
prajurit-prajurit sing bakal diutus nemoni
Hyang Pramesthi Guru kanggo dadekake Bhatari Supraba permaisurine.
Nanging, yen dewa ora gelem nuruti prajurit-prajurit iku diutus gawe suralaya.
Prabu Ndaruwardaya uga ngutus Si Emban supaya bubarne pasewaka..
Patih Udan Agung mara menyang
pasewakan. Ana ing pasewakan njaba, Ki Lurah Togog Tejamantri ngundang
prajurit-prajurite. Banjur, Dheweke munggah menyang panggung kanggo nggoyangke Gentha Kekeleng. Banjur ngadhep
menyang patih Udan Agung ditututi karo prajurit-prajurite. Patih Udan Agung
nyampeke pesene Prabu Ndaruwardaya. Banjur wis nyampeke, Patih Udan Agung lan
rombongane ninggalke Kutharaja. Rombongan-rombongan iku ngliwati tegal uga alas
munggah gunung Jamurdipa.
Nalika tekan Jagad Sunya-ruri sing
panggone ana ing Lokantara sekitare Tengguru uga isih ana ing Jamurdipa puncake
Mahameru, Rombongan menika nemoni Kahyangane Para Jawata. Kahyangane iku
diarani Argodumilah, Tejamaya, Suralaya uga Jonggringsaloka. Saka karepe yasa,kanggo
mbedake awan lan wengi kangelen. nanging amarga rasa luhur, para cinedha pada bubar sempurna
Rawa Tambak
3-Tamat (Sriyono R.)
Penyebar
Semangat no 35 29 Agustus 2009
Ing
Samudra ana dewa, yaiku Sang Hyang Baruna. Sang Hyang Baruna ningali citrane
Sri Ramawijaya sing saya katon nalika dadi dewa, namung dheweke ningali
samar-samar. Sang Jarwata marani yen durung nganti iso ngleburke jagad amarga
iku akhir dukane Sang Hyang Kesawa.
Sang
Hyang Baruna takon marang Sri Ramawijaya, kena apa dheweke diutus ngasatke
segara,uga ngomong ngasatke segara iku bakal kangelan amarga ing ngisor segara
akeh bebajulane.uga yen menawa segara iku wis dadi sat, nanging isih ana bebajulane
sing ditinggalke kayata ing ngisor segara iku ana karang kang landhep sing bisa
nglarani wong liyo. Agniastra diceluk amarga diutus ngucolke Barunastra. Banjur
akeh wong sing tumeka, Sang Hyang Baruna ngomong yen bakal ana misi marang
telenging segara kanggo ngewangi panyuwune Sang Hyang Ramawijata marang Sang
Juwata. Sawise mangkono, Dheweke ngomong karo Prabu Sugriwa, banjur Prabu
Sugriwa ngutus marang para bupati supaya nyiapke kabeh wadyabalane supaya
ngusung watu sela tala.
Wadyabala
iku padha jejer-jer banjur padha uncal-uncalan. Wadyabala sing sekti uga ora
gelem kalah karo liyane, sahingga padha nunjuke kesaktiane kayata ana sing bisa
nyemplungke gunung ginawa ana segara. Ana uga sing bisa nyigar gunung dadi
loro. Kabeh Wadyabala iku dipimpin karo Bathara Wisakarma saka undhagine
Bathara Endra. Nanging nalika para wadyabala iku padha ngusungi watu, ujug-ujug
ana pepalang sing teka. Pepalang iku
ngakibatke akeh para wadyabala sing padha mati. Saka kedadeyan mangkono, dheweke
weruh ana yuyu raksasa sing ngrusak tambak. Banjur dheweke lapur marang Sri
Rama yen sing ngrusak tambak wadyabala iku yuyu ditya Sayungsrani utawa yuyu rumpung
sing wujud asline Prabu Dasamuka. Ratu yuyune iku Dewi Rekathayaksi sing
manggon aja Tirtakadhasar. Yuyurumpung iku sekti banget. Nanging, bisa
dikalahke yen wis mentas ana dharatan.
Banjur,
Sang Bayuputra gawe cara supaya bisa mancing yuyurumpung iku mentas ana
dharatan. Dheweke nyelupke buntut iku. Asile, Yuyu rumpung bisa kepancing lan
bisa mentas ana dharatan. Para wadyabala sing wis siap-siap mau langsung
ngrubut yuyu rumpung. Banjur, Jaya Anggada njunjung pucukane gunung lan
langsung dientebake marang Yuyu rumpung. Yuyu raumpung iku mati.
Segara-segara
sing maune kawujud banyu, saiki bisa diubah karo para wadyabala dadi wujud
tambak raksasa. Tambak Raksasa iku nyigar segara saka pesisir lor sukuning
gunung Mahendra notog pesisir kidul perenging gunung Suwela bumi Ngalengka. Tambak
raksasa iku disebut Situbandalayu utawa Setubandatbuta.
Sri
Ramawijaya mriksa kahanan ana segara. Dheweke lunga menyang segara numpak
tandhu sing diusung kara Para wadyabala. Nalika tekan segara, ujug-ujug ana bajul
sing nyaut tandhune sing ditumpaki dheweke. Saka kedadeyan mangkono, Anoman
nyaut Sri Ramawijaya supaya ora kena bebayan. Sahingga Bajul iku namung bisa
nguntal tandhu mau.Prabu Sugriwa krungu yen ana gegeran kethek Saraba. Kethek
Saraba iku ngamuk amarga bajul iku ngaku dadi Saraba. Dheweke weruh ana
rombongan saka Sang Baliputra. Dheweke langsung banda Prabu Sugriwa. Nanging,
Prabu Sugriwa malah langsung balik banda tangane Saraba. Prabu Sugriwa arep
nebas gulune kethek Saraba amarga kethek Saraba iku wis wani nyoba mateni Sri
Ramawijaya. Nanging nalika arep ditebaske gulune, Raden Wibisana menging Prabu
Sugriwa supaya ora nebas gulune kethek Saraba amarga kethek Saraba iku dudu Saraba
nanging bajul. Saka pepenginge Raden Wibisana, Prabu Sugriwa nguculke kethek
Saraba iku. Banjur Kethek Saraba nyemplung banyu.
Sawise
bisa ngalahke Bajul iku, Sri Ramawijaya ngutus Prabu Sugriwa supaya nguculke
wadyabala kanggo Ngalengka ngliwati Setubandalayu. Wadyabala sing cacahe ana
watara satusan yuta kae mangkat saka pesisiring segara Mahendra. Kethek Susena
sing mimpin Para wadyabala iku. Sri Ramawijaya, Raden Laksamana, Sugriwa lan
Raden Harya Wibisana melu prajurite
Raden Jaya Anggada, Raden Anoman, Kethek Anila lan Jembawan.
Rombongan-rombongan
iku ngliwati Setubandalayu. Nalika ngliwati, saka kulonan ana bledug sing
kumebul, sing isih ana ing Gunung mahendra ngenteni selaning barisan saka
ngarepan. Bumi Ngalengka wis dikebeki karo wadyabala. Gunung Suwela sing
dhisike katon gedhe iku, saiki wis ora katon maneh. Saka crita mangkana, barang
ala bisa dikalahke karo budi utama
Sang Guru
Sejati (Ki Dhalang B.P Soedarsono. SG)
Penyebar
Semangat 44/2006
Saka
lelakon “Bale Sigala-gala”, “Kedhung Cumplung” lan lakon liyane sing nyritakake Pandhawa awit saka pitenahe
Paman Harya Sengkuni. Anggonku ngabekti marang guruku yaiku Mahaguru Durna
Kumbayana ora bisa surut. Kabeh ilmu sing wis diparingake karo guru.
Aku
(Bratasena) dianggep guruku durung nduweni ilmu sing sempurna dadi aku diutus
golek kayu ing tikbrasara. Yen aku bisa nemoni kayu iku, guruku ngomong aku
bisa nyempurnakake ilmuku amarga aku bakal nemoni ilmu gawa kasumparnaan
pangauripa. Aku namung meneng nalika ditakoni bab pepenging sakaguru, banjur aku
langsung pamitan karo kaluwargaku. Ora bakal aku mundhur nalika weruh ibuku lan
adhi kembarku nangis amarga aku iku panegak Pandhawa.
Nalika
aku mangkat, aku ora ngitung dina kapan aku oleh kayu, sing tak ileng-ileng
namung omongan saka guru yen alas tikbrasara iku mutawatri. Aku uga migunakake
aji-ajiu sasra bahu kanggo mbabat alas supaya aku bisa mlebu telenging als
kana.
Nalika
aku golek padhelikan sing aman, aku krungu suara gedhe. Jebule, Suara gedhe iku
suara buta. Buta-buta iku jenenge Rukmakala lan Rukmuka. Buta iku ngangkon aku
bali, nalika weruh maksudku ana ing alas Takbrasara. Nanging, aku ora nuruti
panjaluke buta buta mau.
Dadi,
aku nyerang Buta-buta iku nganggo kuku Pancanaka. Nalika kuku Pancaka kena
Buta-buta iku langsung mati. Saka mangkana, Dewa Bayu ngrasa. yen aku bisa
biyantu para Dewa amarga aku bisa ngalahke Buta kembar iku. Dewa Bayu lan Dewa
Indra paring wawasan bab kayu gung susuhing angin. Aku uga dipenging ora oleh
dupeh kuwasa. Banjur aku diparingi ali-ali sing arane Manik Candrama.
Sakwise
oleh pepenging, Aku bali menyang Sokalima. aku diutus golek Tirta Prawitasari
ing Telenging Samodra Minang Kalbu. Aku mangkat namung dikancani karo ali-ali
iku.
Sakwise
tekan njeroning samodra, ana Naga sing ngubet awakku. Banjur, Aku langsung
migunakake kuku Pancanaka iku kanggo nyerang Naga iku ing tenaga pungkasanku.
Nanging, ujug-ujug ana wong sing jati dirine sing padha aku. Wong iku ngomong
yen aku karo wong iku jenenge Bratasena, banjur aku dikon tangi lan laraku langsung
mari. Nanging, aku ngrasa aneh, amarga aku saiki gelem sila sedheke marikelu.
Jebule, wong sing jati dirine padha aku iku sejatine pribadiku dhewe yaiku
Hyang Dewa Ruci.
Hyang
Dewa Ruci menging supaya aku ora wedi, aku uga diutus mlebu ana kuping kiwane Hyang Dewa Ruci. Nalika wis ana ing njero,
aku bisa mangerteni galunging panguripan manebing pikir lan kalbu. Hyang Maha
Wikan mulang aku piwulang sing agung, tetesing ngaurip, wiwit saka lair nganti puput tumujuning kaswarganan jati.
Nyata
Hyang Dewa Ruci minangka Guru Sejati. Saka piwulang jati kuwi aku bisa ngrasepi
Manunggaling Kawula lan Gusti. Banjur aku diutus metu saka kuping tengen. Dewa
Ruci ngomong yen Tirta perwitasari iku ora ana.
Nalika aku bali menyang Sokalima, Aku cerita
kabeh apa sing tak alami. Nanging Kurawa meri karo aku. Kurawa golek cara
supaya aku sirna tanpa dadi