Wis Kilangan Jawane
Tahun ajaran
anyar akih sing padha mlebu sekolah SD/MI, SMP/MTS, SMA/MA,Perguruan Tinggi.
Ana salah sawijining bocah arep mlebu Perguruan Tinggi bocah kuwi jenenge Ranti. Dheweke arep daftar ing
sawijining Perguruan Tinggi Negri ing Semarang yaiku ing UNNES. Dheweke arep jipuk
jurusan Bahasa Jawa, pas ditakoni kanca-kancane lan sadulure arep jipuk jurusan
napa dheweke banjur njawab jipuk jurusan Bahasa Jawa. Nalika njawab nak
kapingin jipuk jurusan Bahasa Jawa dheweke diomomgi “alah kenapa kuwe kok jipuk
jurusan Bahasa Jawa iku jurusan sing gak bermutu isih ana jurusan sing luwih
apik”
Awit saka
omongan kuwi Ranti atine rada mangkel emang
apa salahe jipuk jurusan Bahasa Jawa kan malah luweh apik tho nisa
nglestarikake budayane dhewe. Ranti tetep ora terpengaruh saka omongan kaya
mengkana, nanging malah semangate saya gedhe dheweke kapingin nunjukake yen
wong lulusan Bahasa Jawa kuwi ora sing diomongake wong-wong. Wektu kuliah
pertama wis diwiwiti Ranti semangat
temenan amarga oleh kanca anyar lan bakal intuk ilmu kang luwih akih tentang
Bahasa lan Budaya Jawa. Amarga lagi kuliah sing kawitan para dosen durung
menehi materi rada akeh nanging pada nepangake awake dewe.
Ana salah sawijining dosen sing ngendika yen jurusan Bahasa Jawa kuwi jurusan
hebat yen ana sing ngomong jurusan Bahasa Jawa kuwi katrok utawa gak kanggo iku
mesthi wong kuwi bodhoh ora ngerti lan
paham babagan Bahasa Jawa. Malah ana ing salah sawijining kampus ing Belanda
sing jurusan favorit inggih menika jurusan Bahasa Jawa, saka omongane dosene
mau Ranti semngate saya nambah terus lan
rada kaget lan ora nyangka bilih ing Belanda ana jurusan Bahasa Jawa
Perkuliahan wis
mulai aktif lan Ranti pingin dadi mahasiswa sing aktif ning kampus mung ora
Cuma kuliah wae, nanging dheweke melu UKM KJ (Unit Kegiatan Mahasiswa Kesenian
Jawa) dheweke melu karawitan yaiku musike wong jawa lan melu drama jawa sing
dikenal kethoprak. Senajan dheweke biyen durung tahu latihan, nanging dheweke
kepingin bisa lan kapingin nampilake utawa nunjuke musike wong jawa sampe luar
negri. Akeh wong sing pada remehake Basa Jawa padahal ya budayane dewe kuwi
jawa kenapa malah ngelek-ngeleki
budayane dewe, mengko nak budayane dijupuk negara liya pada orak trima, nanging
ora pada gelem jaga lan nglestarikake utawa sinau budayane dewe, ajo mung
gembar-gembor nanging kudu di wujudake.
Saiki
wong jawa wis pada kelangan jawane akeh bocah cilik sing wis ora bisa basa
marang wong sing luwih enom, para mudha wis pada ora duwe sopan snatun marang
wong sing tuwo. Aku tahu reti yen bocah cilik ora reti bahasa jawa babar pisn
bocah kuwi ya wong jawa nanging ora reti bahasa jawa, bapake pernah ngomong
ning omongan kuwi ana tembung siji bocah kuwi banjur takon marang bapake “bapak
siji itu apa?” fenomena sing gawe atiku nyeseg lan gumun kenapa bisa ana bocah jawa sing ora
reti siji iku apa, iku apa kesalahane wong tuwane sing ora marahi bahasa nenek
moyange utawa perkembangan zaman ? iki sing isih aku temukke jawabe
Awale Ranti
kapingin dadi sosiolog, awal kuliah dheweke ora mudeng babar pisan babagan mata
kuliah ing jurusan bahasa jawa amarga dheweke biyen MA jurusan ips, ing awal
kuliah Ranti isih kebayang karo jurusan sosiologi lan isih banget pingin dadi
sosiolog, nanging san saya suwe dheweke
diomongi yen nak wis kadung
nyemplung lan telas ya wis di telesake pisan jo setengah-setengah. Saka omongan
kuwi Ranti mikir maneh lan omongan kuwi ana benere. Saka kana Ranti wis
mikirake saka jurusan bahasa jawa dheweke bakal dadi apa lan kepingin ngasah
kemampuanne ing bidang Bahasa jawa amarga dheweke duwe mimpi lan kepingin
wujudake impiane kuwi. Ranti sering intuk semangat saka bapak-ibune
kanca-kancane lan para dosen ing kampus
Melebu ing
Perguruan Tinggi Ranti intuk ilmu anyar lan kanca anyar, ing kelase dheweke
duwe kanca cedak yaiku jenenge Risma. Risma anduweni sifat apik lan bisa klop
karo Ranti iku sing dadikake Ranti cedak temen marang Risma lunga reng ngendi
bae bareng, ngerjakake tugas bareng, nanging kose ora bareng. Risma pernah ora
mangkat kuliah amarga lara lan dikon priksa wong tuane Ranti ngrasa separuh
jiwane ilang amarga ora ana Risma, banjur pas kuliah kosong dheweke nelfon
Risma ngomong nak kangen lan pingin Risma ndang mari lan bisa kuliah lan ketemu
marang dheweke. Kanca-kancane Ranti cah Sastra Jawa padha apik-apik lan
perhatian kabeh marang kanca siji lan sing liyane.
Bahas maneh
babagan nak ing zaman saiki akeh wong jawa sing wis padha kilangan jawane, iku
dadikake Ranti prihatin marang budayane dewe. Dheweke ora trima yen wong jawa
ngala-ngalani budayane dhewe. Melebu
jurusan bahasa jawa kawitane pancen angel nanging yen wis kenal lan
mendalami bakal tertarik lan remen sanget iku sing dirasake Ranti kaya pepatah
sing nyebutke Tak Kenal Maka Tak Sayang.
Saben Ranti bali
kampung terus kepetukan marang kancane, banjur kancane mesthi pada takon ngana kuwi sing dipelajari ning
jurusan bahasa jawa iku apa bae ta?. Ranti banjur nyeritakake dheweke ing
kampus lan nyeritakake pelajaran sing di intuki ing bahasa jawa. Ternyata ing
bahasa jawa dewe akih budaya sing Ranti durung ngerti, misale budayane wong
sala, wong yogyakarta, lan liyane. Lan ing bahasa jawa uga akih ragam bahasa,
misale bahasa ngapak, bahasa kraton, bahasa sanksekerta lan liyane sing pasti
durung dingerteni Ranti.
Awit Ranti
kuliah ing jurusan bahasa jawa Ranti oleh mata kuliah babagan budaya jawa salah
sawijining yaiku Sastra Pewayangan. Ing mata kuliah iki saben mahasiswa wajib
nonton pagelaran wayang supaya ngerti lan kenal babagan wayang. Awale Ranti
anduweni rasa males nonton wayang amarga
mikir mosok cah enom nonton wayang terus nonton sampe isuk. Nanging san saya
suwe Ranti duwe rasa remen nonton wayang lan pancen kudune anduweni rasa seneng
karo salah sawijining budaya jawa kuwi.
Pisan pindho
Ranti nonton wayang, Ranti atine gumun kenapa kok ning desane saben ana wayang
dheweke pengen nonton ora diolehi marang wong tuane. Ranti ijeh mikir emang
kenapa sampe ora oleh nonton wayang padahal kuwi budayane dhewe kenapa ora
oleh.
Saking
penasarane marang babagan kenapa biyen dheweke ora oleh nonton wayang, Ranti ngamati
jebule kakehan wayang ning desane iku disalah gunake, akeh wong padha
mabuk-mabukan. Nanging semenjak Ranti melebu bahasa jawa dheweke malah seneng
nonton wayang, malah dheweke bisuk nyen wis lulus dheweke pingin bangun sanggar
ing desane. Ing sanggar kana dheweke pingin ngajari gamelan, tari tradisional
marang bocah-bocah sekolah utawa bocah-bocah sing wis ora sekolah meneh.
Ranti kepingin wong jawa ngerti marang budayane
lan seneng marang budayane, tunjuke yen budaya jawa iku hebat kaya budaya manca
sing saiki wis nyihir marang kawula mudha. Zaman saiki akih wong manca sing
seneng melajari budaya sing ana ing indonesia khususe budaya jawa, aja nganti
kitha sing wong jawa malah ninggalake budayane dhewe lan malah ngelek-ngelek
budayane dhewe. Budaya jawa iku dudu budaya sing kuna nanging budaya sing
minulya lan budaya sing akih unsur senine. Dadi mulai saiki kitha wong jawa
kedhah remen marang budayane dhewe aja nganti dijupuk karo wong manca. Aja
ngisin-ngisini mosok wong jawa ora ngerti marang budayane utawa sering disebut
wong jawa kok ora jawani.
0 komentar:
Posting Komentar