cerita wayang Sutiknaparwa

Senin, 16 Desember 2013



SUTIKNAPRAWA, NOM-NOMANE BEGAWAN ABIYASA
Merga Pakulitane Ireng Karan Kresna Dwipayana
Raden Sutiknaprawa iku jeneng liya, dasamane Begawan Abiyasa nalika isih taruna. Sinatriya iki putrane Begawan Parasara utawa Palasara kang miyos saka garwa Dewi Durgandini. Ing lakon Wiratha Parwa Rajamala kancakarupa lan rupakenca palastra dening jagalbilawa nalika semana karo pandhawa liyane padha namur kawula, ngayom ing wiratha. Raden Setatama akhire tewas nalika dadi jago sayembara ing perang lumawan para ratu kang ngayunako mbakyune. Dewi Rekhawati  gugur lumawan Durgandana kang dibiyantu Abiyasa. Dena Gandawana diaku dadi putrane Prabu Gandabayu ing nagara Pancala,nadyan putrane ratu dheweke ora kersa jumeneng ratu nggentosi kalenggahan ingkang rama angkat. Mula Gandamana kuwi iya digdaya banget. Begawan Parasara pancen karem ulah tapa. Saking suwine tapa nganti rikmane gimbal kanggo nyusuh manuk emprit sajodho. Nalika arep dicekel manuk iku mabur, ninggal piyek sing keluwen. Bareng tekan pinggir Begawan manuk emprit mau ndadak ilang tanpa lari, banjur ana sawijining wanita kang ayu kang melahi prahu nyedaki pinggir yaiku Dewi Lara Amis iya Durgandini kang gelem nyebrangake waton sang Begawan kersa ngusadani memalane. Nalika disabrangake Palasara kasil ngusadani memalane sang Dewi, malah dadi amrik wangi. Nalika iku banjur ana lesus lumiyup, ageme sang dewi nglingkap katon wentise sing mencoroning. Prahune ajur pecahane prau sing kiwa-tengen, mahanani dumadining manungsa sing seteruse karan Rupakenca lan Kencakarupa. Memalane sang dewi  dadi Rajsmala

0 komentar:

Posting Komentar